Wewangunan Keraton Surakarta sanadyan wis atusan taun umure, nanging nganti saiki isih katon sentosa gatrane lan nyengsemake lamun sinawang. Nanging yen linaras nganggo weninging rasa, pranyata akeh piwulang luhur tumraping urip kang bisa kajupuk saka kana.
Kaya dhene kang dijelasake pangarsaning Museum Radyapustaka, Winarsa Kalingga sawetara dina kepungkur. Kalingga ngandhakake menawa duk nalika semana para leluhur anggone ambangun Keraton Surakarta ora gur supaya katon apik disawang mripat nanging uga supaya bisa nentremake rasa.
Sebab sakliyane kanggo simboling panguasa, Keraton Surakarta uga kanggo punjer luhuring kabudhayan Jawa. “Kamangka budhaya Jawa iku wohing pangolahing budhi jumbuhing lahir klawan batin,” wimbuhe Kalingga.
Mula wewangunan Keraton Surakarta banjur kaemba kaya dhene kahyangan Indra Bawana papan dhununging para jawata. Kawiwitan saka wujude Gapura Gladhag, kang nduweni teges pamepere hawa nepsu. Sebab nalika samana papan kana kanggo nggladhag kewan buron wana banjur tinalenan satemah dibeleh ana ing Bale Panurakan, kang daginge didumake para abdi dalem lan kawula kanthi warata.
“Mula nepsu hewani kuwi kudhu bisa dikendaline kanthi aris sarta narima marang panduming dumadhi supaya bisa murakabi. Ing kana uga ana wujude reca loro kang nggegirisi aran Cingkarabala lan Balaupata. Kuwi nduweni teges wong urip yen nduwe sedya aja wedi kahanan kang nggegirisi supaya bisa kasembadan sedyane,” kandhane Kalingga.
Banjur sakkidule Gladhag bakal pinanggih alun-alun utawa papan amba kang sasat tanpa teba. Iku mujudake daya pengangen-angening manungsa kang sasat tanpa ana watese. Saktengahe alun-alun ana wit waringin kurung sakkembaran, kang aran Jayandaru lan Dewandaru. “Wit ringin kuwi nduweni teges jroning pengangen-angen kudu linambaran rasa eling lan waspada supaya bisa jaya saengga bisa angayemi, angayomi, lan anguripi,” panjelase Kalingga.
Sakwise alun-alun banjur munggah pagelaran utawa Sasana Sumewa ya papan pisowanane abdi dalem, sentana, lan nayaka marang ratune. Iku mengku piwulang yen sakjroning urip kuwi kagelar kahanan maneka warna. Nanging sanadyan mangkana kudhu ora kena nglalekake panembahe marang Gusti Kang Maha Suci. “Kuwi nggambarake wajibe bebrayan urip kuwi dhewe,” ujare Kalingga.
Saka pagelaran banjur munggah ana ing Sitihinggil ya ing bale Manguntur Tangkil kang uga sinebut bangsal Pancaniti kang diamping-ampingi bangsal Marta Lulut lan Singa Nagara. Sinebut Pancaniti sebab jaman mbiyen kanggo papan musyawarahe Ratu, patih, pujangga, ulama, lan senopati kanggo maringake nugraha marang satriya kang labuh bangsa, sarta paukuman kanggone pawongan kang nerak tatananing kaprajan.
“Marta Lulut kanggo ngganjar paukuman, dhene Singa Nagara kanggo ngganjar kanugrahan. Kuwi simbole yen wong urip bakale mati lan dijaluki pertanggung-jawaban tumindhake ana ing ngalam ndonya. Mula uga ana Bangsal Witana kanggo papane meriem Nyai Setomi kang minangka wujudhe pepeling,” panegese Kalingga.
Saka Sitihinggil banjur ngancik Kori Mangu lan Kori Brajanala. Banjur sinambung Kori Kamandhungan lan Kori Sri Manganti. Saka kana wis samapta lumebu ana sakjroning Sasana Sewaka madhep mangulon marang Ndalem Ageng Prabasuyasa.
“Kori Mangu tegese wis wiwit kudu mantebake rasa. Dhene Brajanala kudhu nglandhepake rasa, satemah mulat sarira marang kaca benggalaning urip ana kori Kamandhungan. Yen wis rinasa pantes lan manteb banjur kinanthi sowan marang Ratu Gustine ana ing ndalem Ageng Prabasuyasa kang dadhi simboling kasuwargan jati,” pungkase Kalingga. (Deniawan Tommy Chandra Wijaya)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |




