Hapa tumon ana watu regane bisa nganti atusan yuta apa maneh miliaran rupiah? Nanging kuwi kabeh dadhi kasunyatan lamun awakke dhewe nyoba mirsani sakabehing dagangan watu hias lan permata ana ing kios cinderamata alun-alun lor Keraton Surakarta.
Sri Winarsih (60) sawijining bakul watu kang wis wiwit dagang ana ing papan kana udakara 37 tahun kepungkur mratelakake, menawa regane watu hias lan permata ora bisa kaukur kanthi barometer kang cetha. Sebab sakliyane ndelok wujude watu, uga ndelok kualitas sarta umure barang. “Pancen yen tha dinalar regane ora mokal. Nanging menawa watu kuwi pancen langka lan elok regane ya bisa nganti atusan yuta lan miliaran rupiah,” panjelase Sri.
Dhewekke uga njelasake menawa dagangan watu hias kuwi kapilah dadhi rong jenis. Yaiku watu alam lan watu sintetis utawa jenangan. Lan kuwi kabeh uga nduweni pangsa pasar lan penggemar dhewe-dhewe. Malah miturut dewekke watu sintetis kuwi luwih payu katinimbang watu alam. “Jenise watu alam kaya tha cubung, safir, siem, giok, lan jamrud. Dhene watu sintetis kaya tha red diamond, giok Korea, lan siem Thailand,” kandane Sri.
Dhene regane watu alam Sri ngandhakake wiwit telung puluh ewu rupiah, nganti tekan miliaran rupiah. Nanging yen watu sintetis udakara wiwit sepuluh ewu nganti tekan atusan ewu rupiah. Sakliyane kulakan watu saka Pacitan, Sri uga ndagangake watu saka kaca kang diproduksi dewe. “Racake wong tuku luwih seneng watu saka kaca iki. Sebab sakliyane regane murah wujude uga apik lan nyengsemake,” pratelane Sri.
Nalikane kasinggung perkara anane watu kang nduweni daya gaib utawa magis, Sri njelasake menawa kuwi kabeh dibalekake marang kapercayan individu. Nanging minangka pribadhi Sri kandha yen ora percaya babagan kuwi. “Kuwi jane kaya mitos wae. Kaya watu merah delima kang jarene kondhang nduweni kasekten, yen miturutku kuwi jane perkara wujude kang endah lan langka wae. Yen aku nyebut kuwi watu jenis merah ruby. Regane pancen larang tenan lan bisa nganti miliaran rupiah,” panjlentrehe Sri.
Seje maneh miturut panjelase Anang uga sawijining bakul watu kang kapetung lawas ana ing kana. Dhewekke crita yen percaya babagan watu kang nduweni kasekten. Sebab dhewekke wis nate uga nduweni watu merah delima, kang bisa kabuktekake daya katiyasane.
“Wong yen nganggo kuwi ora tedhas papak paluning pandhe. Sakliyane kuwi uga bisa kanggo nambani sakabehing wisa lan racun. Mula regane ya larang tenan, merga sakliyane apik wujude uga angel golek-golekane,” ucape Anang.
Kanggo mbedhakake watu alam lan watu sintetis Anang kandha menawa carane gampang banget. Yaiku kanthi ditetesi banyu ana ing permukaane watu. Menawa banyu kuwi nglumpuk pratandha yen watu kuwi asli saka alam. Dhene yen banyune ngglondhor tegese watu kuwi watu jenangan utawa sintetis. “Bisa uga sinawang saka urat lan serate kanthi dikeker,” wimbuhe Anang.
Anang uga kandha menawa sakliyane digemari pembeli dalam negeri, watu hias lan permata dagangane uga kerep tinuku wong manca negara, kaya tha saka Perancis, Jepang, lan Belanda. Dhene perkara kulake watu Anang ngaku yen tha nebasi bakul saka Pacitan, Jawa wetan lan tlatah Sukabumi ana ing Jawa kulon. (Deniawan Tomy Chandra Wijaya)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |







