Keraton Surakarta Hadiningrat kang minangka tuk sumbere budhaya Jawa, pranyata Baal tenanan anggone ngrungkebi luhuring seni tradisi kaya wujude seni karawitan. Dawuh iku kaucapke KRMH. Satriya Hadinagara salah sawijining pengageng ing keraton Sala sawetara dina kepungkur.
Satriya kandha menawa sing jenenge ngleluri budaya Jawa kuwi ora gur cukup slogan wae, ananging kudhu ana bukti nyatane. Saka kahanan kuwi dhewekke uga nyatakake prihatin ngerteni menawa cacahe nom-noman kang tepung karo budaya Jawa utamane seni karawitan saya sudha. “Gawe slogan ngleluri budaya kuwi gampang, nanging anglakoni kuwi kang angel,” panegese Satriya.
Mula saiki Keraton Sala wiwit mamerake sarta nggelar maneh tabuhan gamelan kuna koleksi gangsa pusaka kagungan ndalem. Sedyane nora liya supaya masyarakat bisa luwih nresnani budhayane dhewe, uga bisa ngerteni apa wae wujude koleksi gamelan kuna iku mau. Sarta ngiras pantes nambahi kawruh pangertenan bab gamelan kuwi dhewe.
“Lha yen gur disimpen wae masyarakat ora bakal bisa ngerteni, marang wujud lan luhure budaya Jawa sing wujude gamelan kuna kuwi mau,” pangucape Satriya.
Wujude gamelan kuna kang dipamerake kaya tha Kyai Setu, Kyai Mangunharja, Kyai Senggani Raras kang kabeh yasane S.I.S.K.S PB IV. Uga ana Kyai Gentha paringan saka keraton Siam marang S.I.S.K.S PB X. Dhene kang bakal ditabuh maneh kanthi ajeg saben dhina Setu jam papat sore yaiku gamelan kyai Setu.
“Kyai Setu iki mbiyen gunane kanggo tengara budhale wadyabala. Larase pelog, lan piranti balungane kaya tha kempul, kenong, bonang, sarta kecer,” panjelase Satriya.
Dhewekke uga ngandhika menawa gamelan Kyai Gentha saka negeri Siam wis nate ilang ing taun 2000 kepungkur. Nanging merga pambudidayane polisi, sakjroning wektu nem sasi gamelan kuwi mau bisa ditemokake maneh. “Gamelan iki bentuke paling unik dewe, sabab kaya wujudhe krincingan gedhe. Dhene larase ora nganggo pentatonis nanging diatonis,” panerange Satriya.
Semana uga ngenani gamelan Kyai Senggani Raras. Sanadyan komplit sakperangkat ananging bentuke katon unik sebab ukurane kagolong mini. Gamelan iki uga dikompliti karo anane canthik prau Kyai Rajamala. “Merga diselehake ana jroning prau Rajamala, mula bentuke uga dijumbuhake karo kahanan,” imbuhe Satriya.
Dhene bab gamelan Kyai Mangunharjo, Satriya njelasake menawa gamelan kuwi minangka sawijining gamelan agul-agule keraton. Merga sakliyane larase komplit slendro lan pelog, uga ana corobalene. “Gamelan corobalene uga isih bisa ditabuh. Lan iku asung bukti menawa nalika jaman semana, keraton Sala sayekti tenanan anggone ngrungkebi budaya Jawa,” jarene Satriya.
Sakliyane kuwi kabeh gamelan kagungane keraton, saya tuwa umure menawa ditabuh ora saya rusak suarane nanging malah kepara saya cetha lan laras unine. Sebab gamelan kuwi mau kagawe saka bahan pilihan, lan uga ditebus nganggo talak brata. Mula sanadyan umure wis tuwa nanging cakrak lan pangaribawane ora kalah karo gamelan anyar.
“Kuwi kabeh bisa dinyatakake. Unine gamelan kuna iki mesthi laras lan bisa rumesep ing ati. Sebab bahan lan carane nggawe uga nganggo tatanan,” kandhane Satriya. (Deniawan Tommy Chandra Wijaya)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |







