Sesanti iki ngemu surasa yen tha satriya labuh negara kuwi kejaba setya tuhu uga kudu jumbuh sarta ikhlas lahir batine supaya bisa jaya jurite. Tuladhane kaya lelakone Raden Kumbakarna. Sanadyan wujude denawa utawa raseksa nanging jiwa luhur kasatriyane Kumbakarna patut diacungi jempol.
Sebab Kumbakarna tetep setya tuhu marang negarane yaiku Ngalengka Diraja, sanadyan Dasamuka kakange kang madheg dadhi ratu Ngalengka sifate ala lan ngumbar angkara. Ing kana Kumbakarna nduweni patembaya, yen dewekke labuh negara notohake jiwa lan raga ora kanggo nglabuhi kamuktene Dasamuka, nanging kamulyane praja Ngalengka.
Sakliyane kuwi Kumbakarna uga ora gelem sinebut pengkhianat kang mbalela marang lemah tumpah getihe dewe. Mula nalikane wadyabala kethek kang dipandhegani dening Prabu Rama, Anoman, sarta Anila ngebyuk ing praja Ngalengka, ing kana Kumbakarna satemah banjur jumeneng madeg senopati angayomi negarane.
Nanging eloke sawektu magut ing payudan, Kumbakarna nggoleki Prabu Rama Wijaya lan kandha menawa dhewekke nyuwun ngapura kapeksa amungsuhi wadya bala wanara. Sebab ing kana Kumbakarna amung sakderma nglakoni wajibe satriya, kang kudhu bangkit ambelani yen ta negarane dibedah dhening mungsuh. Nampa pangandikane Kumbakarna, Rama Wijaya satemah mangestoni lan pungkasane Kumbakarna bisa gugur dadhi satriya kusumaning bangsa. (den)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |




