Aku kelingan kudangane para sepuh mbiyen, kang unine tarunaa ngungkuli bapa, sembada dadi satriyaning negara. Kudangan kuwi mau laras dirungokake nanging nylekit yen ta dirasakake.
Tegese para sepuh mbiyen wis pirsa, yen tha kabeh pawongan mesthi ngacung sik dewe yen ta ditari sapa kang gelem dadhi satriya. Nanging yen ta ditari sapa kang gelem nglakoni darmaning kasatriyan tanpa sinebut satriya, bisa dipesthekake mesthi akeh kang endha.
Satriya kuwi dudu sesebutan, nanging pakartining kasudarman. Kasudarman iku ora mikir bathi utawa rugi, sugih utawa mlarat. Kasudarman iku sifate rila ikhlas lila legawa mrih rahayuning sesami. Dadi yen ana wong rebutan pengen disebut satriya, kuwi mengku teges pawongan kuwi isih adoh banget saka gelar sejatining kasatriyan. Sebab satriya iku ora butuh pangalembana utawa pambijen saka liyen.
Satriya iku sorak jaya ambata rubuh ambrastha angkara, ning yen wong ngaku-aku satriya kuwi racake mesthi sorak jaya ngrungkebi butuh, tegese mbengok banter dhewe kanggo nyukupi butuhe pribadi. Yen dirasa sejatine ora kleru tembunge para pujangga mbiyen, kang nyebut sakdurunge jumedhul sang Ratu adil bakal ana satriya piningit.
Satriya piningit ing kene mengku teges kinunjarane sifat jiwa luhur kasatriyan. Kabeh wani wirang jrih ing bebener bebasan kang agung nis gungira kang cilik tan toleh mring cilikipun. Ancik-ancik bathanging liyan wis kaanggep lumrah, tanpa metungake yen ta kabeh bakal ngundhuh wohing pakarti.
Yen kahanane kaya ngene gek kapan ratu adil bakal bisa jumeneng nata? Lucune maneh akeh kang saguh jumeneng dadi ratu adil, nanging dununge adil kuwi dhewe isih bingung. Lha golek benere dewe apa kuwi bisa disebut adil? Kamangka miturut pangandikane eyang Sasrakartana, jenenge satriya iku nglurug tanpa bala, menang tanpa ngalahake.
Saben ana kisruhing kahanan, tuwuhing golongan kang pro lan kontra kuwi lumrah. Nanging kang ora lumrah ana kene yaiku ana saperangan golongan maneh kang ora cetha pro lan kontrane, nanging senenge ngileni, nyalahake lan ngadu domba siji lan sijine. Golongan iki seneng banget antuk kamulyan sarana ancik-ancik bathanging liyan. Bebasane seneng keplok nanging ora nate gelem tombok.
Kabeh dianggep luput, lan bodho kejaba mung dheweke dhewe kang bener lan pinter. Yen ngomong sarwa nganggo mbengok, ngancam lan ora gelem kalah. Aku sejatine ya ngguyu kemekelen weruh tumindhaking kelompok siji kuwi.
Nanging kepriye maneh golongan kuwi mau ya klebu sedulurku tunggal bangsa lan negara. Dadhi yen tak mungsuh ya padha wae mungsuh kulit daging dewe. Paribasan tega larane ora tega patine.
Mulane aja lena, lan ngaku-aku paling bener dhewe. Dadiya manungsa kang saklumrahe wae. Ayo bebarengan dadi satriya tinarbuka, kang mulat sarira kanthi nguculake jiwa satriya saka jroning pakunjarane nafsu.
Yen sorak ya soraka jaya ambrastha angkara, aja sorak jaya ngrungkebi butuhe dewe. Lola laline yen pas apes tiwas banter dhewe kang mbengok nganti gerok, malah entek-entekane tombok kathok.
Jenenge wong labuh negara kuwi ora kudu dadi pahlawan lan sinebut satriya. Wong labuh negara iku tuwuh saka prentule rasa kang sinebut kas. Kamangka kas iki tegese nyantosani. Ora-orane Gusti Allah sare lan lali mirsani sakabehing pakartining manungsa. Apa maneh manungsa kang seneng nyantosani lan karya nak tyasing sesami.
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |








