Sesanti iki ngemu surasa yen wong urip kuwi kudhu tekun utawa ora kena nduwe rasa mutung, sakjroning nglakoni kahanan urip apa wae. Sebab kanthi tekun sanadyan angela kaya apa kahanan kuwi mau, tertamtu bakal ana pepadhang lan pitulungan saengga bisa kasembadhan kang dadi sedyane.
Tuladhane kaya lakune Raden Bratasena sakjroning lakon Dewa Ruci. Ing kana Bratasena nduwe gegayuhan pengen ngerti sejatine urip kuwi apa, mula dhewekke banjur nyadhong dawuh karo gurune yaiku Resi Drona. Ananging sedyane Bratasena iki kawaca dhening Kurawa saengga tuwuh rasa meri, satemah kepengen nggagalake.
Kanthi rekadayane Sengkuni ing kene Drona kapeksa njlomprongake Bratasena, supaya gagal sedyane lan malah kepara mati sisan. Drona dewe sejatine ora nyaguhi penjalukke Sengkuni mau, nanging gandheng pekewuh mula dhewekke kapeksa nyembadhani. Drona banjur dawuh marang Bratasena supaya ngupadhi kayu gung susuhing angin ana pucuking gunung Wreksamuka, lan tirta prawita ana ing dhasare segara kidhul.
Krungu pakone Drona, Bratasena ora wedhi lan malah kepara saya tekun manteb ngupadhi sedyane. Weruh kahanan kuwi Sengkuni lan Kurawa padha keplok lan alok Bratasena mesthi mati, merga munggah gunung kang sangar yen tha slamet dhewekke ora bakal bisa urip menawa ambyur ing segara kidhul.
Nanging ndelalah kersaning Allah, Bratasena ora mati malah kepara antuk kang disedya lumantar pinanggih Hyang Ruci. Ora gur diwejang perkara sejatine urip, ing kana Bratasena uga rinuwat sengkalane dhening Dewa Ruci banjur lukar asma akekasih Raden Werkudara. (den)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |







