Raden Abimanyu iku atmajane panengah Pandhawa yaiku Raden Arjuna kang patutan klawan Dewi Wara Sembadra. Dheweke nduwe dasanama kaya ta Raden Angkawijaya, Jaya Murcita, Jaka Pengalasan, Partasuta, Kiritinatmaja, Sumbadraatmaja, Wanudara lan Wirabatana.
Raden Abimanyu dhewe nduwe garwa loro cacahe yaiku Dewi Siti Sundari, puterine Prabu Kresna, Raja Negara Dwarawati kang patutan klawan Dewi Pratiwi. Garwane kang kapindho yaiku Dewi Utari, puterine Prabu Matswapati kang sejatine isih kaprenah eyange dhewe.
Klawan Dewi Siti Sundari ora kacarita putrane Raden Abimanyu. Nanging klawan Dewi Utari, kacarita Abimanyu nduwe atmaja siji yaiku Raden Parikesit kang sak wise purnane Baratayuda jumeneng nata ing Ngastina.
Gegandhengan isih tedhak turun getih Mandura, mula sanadyan alus nanging Raden Abimanyu nduwe watak getapan, bongol, lan ora gelem nampa kandhane liyan. Sanadyan mangkana, dheweke nduwe pethingan betah tapa cegah dhahar nendra klawan guling. Mula ora aneh, menawa dheweke kasil antuk kanugrahan wahyu ratu yaiku Cakraningrat kang tumama ing Raden Parikesit putrane sawiji.
Sedane Raden Abimanyu ing Paprangan Baratayuda ana sumber kang nyebutake sebab mandi sumpahe dhewe. Yaiku nalikane rabi klawan Dewi Utari, kang isih kaprenah eyange putri. Ing kana Abimanyu goroh menawa dheweke isih jejaka tumaruna lan durung palakrama.
Lamun pranyata kabukten wis palakrama, Abimanyu saguh nglakoni seda nglandak keranjab deneng sakehing gegaman. Ndilalah kersaning jagad, ora let suwe anggone ngucap sumpah kawiyak wadi, jebulane Abimanyu wis rabi klawan Siti Sundari.
Mula jroning Baratayuda, sanadyan wis disingitake dening Pandhawa, Raden Abimanyu tetep lumebu ing galangganging paprangan. Lan kelakon temenan, Abimanyu kajebak sak jroning gelar Cakrabyuha kang disiapake Kurawa. Ing kana Abimanyu mati merga keranjab gaman sewu kang diwiwiti dening gamane Raden Jayadrata yaiku gada Kyai Glinggang.
Wayang Abimanyu dhewe netrane njait gabahan, grana lancip, rambut den ore sak pundhak, sarta ngagem kelat bau naga karangrang. Dene wandane kaya dene wanda Bontit, Banjet, Brebes, Jayeng gati, Kanyut, Malatsih, sarta Mangu.
Deniawan Tommy Chandra Wijaya
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |








