Saiki ngrembaka istilah pembauran antar etnis. sejatine kanthi adeging Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) kang lelandhesane Pancasila sarta UUD 1945, kudune wis ora bates lan bedane maneh antarane pribumi lan kaum non pribumi. Mula semboyane Bhineka Tunggal Ika, dadi wis ora perlu dibaurake maneh.
Pengamat budaya, Prof Dharsono njlentrehake yen isih metu istilah pembauran, apa maneh ditambahi label antar etnis miturute dheweke kuwi ateges konsep pemikirane awakke dhewe mundur. Mergane definisi utawa tegese pembauran dhewe ya ora pas karo kasunyatane. Malah kalamangsane, Prof Dharsono uga yakin menawa akeh priyayi kang ora mudheng tegese pembauran nanging seneng ngucap nganggo label pembauran.
“Kang ana yaiku warga negara Indonesia. Lan kuwi ora susah dibaurke, sebab kudune otomatis nyawiji. Pembauran ing kene tegese apa kudu dicethakake dhisik, dadi ora nganti tuwuh geseh panampa. Sebab yen ngomongake bab panunggalan etnis, wiwit jaman Singosari ing abad XI Masehi kuwi wis ana. Dadi ora gur saiki wae,” panjlentrehe Prof Dharsono.
Luwih jero dheweke njelasake menawa kerukunan antar etnis diwenehi ater-ater pembauran, dheweke kuwatir malah ngrusak raketing rasa kang wus nyawiji antarane pribumi lan etnis liyane. Lan manehe sejatine rukun apa orane antar etnis kuwi mung gari kepriye menehi rasa adil tumrap sakabehe.
“Sanadyan adil kuwi ora kudu padha, nanging paling ora bisa menehi rasa pemarem tumrape kang diwenehi. Lha iki kang luwih penting diwujudake katinimbang rembugan pembauran kang iku nuansane politis, tur kok kaya ora rukun wae ndadak nganggo dibaurake,” panyaruwene Prof Dharsono.
Semana uga miturute Budayawan Jawa saka Padhepokan Seni Tirtasari, Bambang “Pringkil” Wirawan. Bambang njelasake menawa bener wiwit jaman kuna makuna mbiyen, bangsa Nuswantara kuwi sejatine ora nate nganggep beda golongan saka etnis liyane. Lamun kabeh padha bisa ngemong, ngayomi, lan ngayemi antarane siji lan sijine tanpa rumangsa bisa lan paling unggul dhewe.
“Yen wis kempel lan kumpul ya aja diothak-athik gathuk, malah dadine sulaya. Sebab kabukten negara kuwi bisa madeg, Raja bisa jumeneng, kuwi ora mung disengkuyung sak perangane golongan utawa suku wae. Nanging kudu disengkuyung sak kabehe suku kang ana,” ujare Bambang.
“Mulane Indonesia nganggo semboyan Bhineka Tunggal Ika, sebab mbiyen ngadege Republik iki ya disengkuyung sakabehing suku, etnis, lan golongan kang ana. Apa kaya ngana isih arep ngrembug pembauran maneh? Lha iki malah dadine mundur pamikire,” wimbuhe Bambang.
Politik Praktis
Sak liyane kuwi, kang aran pembauran dhewe ora bisa diucapake apa maneh diprogamake kaya dene barang utawa kegiatan. Sebab pembauran kuwi mlakune natural, alamiah, utawa apa anane. Ora bisa dipeksa, direkadaya, apa maneh digembar-gemborake. Mergane yen direkadaya mesthi kabeh golek menang lan unggule. Luput kabegjane, cedhak bilahine malah dadine rusuh.
“Rukun kuwi bisane dirasakake ana urip padinanan. Ora diucapake ngalor ngidul, apa maneh dibungkus kanthi dhasar kepentingan golongan. Dadine mangko malah bahaya,” pepelinge Bambang.
Dheweke uga meling, aja nganti budaya kuwi digathukake karo kepentingan politik praktis. Sebab sak liyane bakal ngrusak nilai luhur budaya, uga ora prayoga kanggo lestarine budaya kuwi dhewe. Tegese ben wae budaya kuwi mlaku miturut ombyaking jaman, tanpa kudu diarahake lamun wis cetha angger-angger pranatane.
“Tuladhane Walisanga mbiyen nalikane dakwah syiar agama, ora nate rembugan budaya, nanging nglakoni lan ngembangake budaya. Dadine malah tentrem lan bisa ditampa sakabehe. Nanging yen mung dadi kembang pocapan memanis lambe, ya dadine malah sensitif lan rawan pasulayane,” piwelinge Bambang.
Mulane kuwi, ing kene Pamarentah kudune luwih wicaksana lamun ngrembug perkara pembauran antar etnis. Sebab yen kleru rembuge, lan geseh tumanjane, ora tentrem kahanane malah saya tambah kisruh.
“Dadi yen wis apik ya ora usah direkadaya diluwih-luwihne. Katinimbang kaya ngana, luwung ngopeni lan ngrumat kang wis ana wae, katinimbang golek sensasi gawe tontonan anyar nanging dadine malah pasulayan ing tembe mburine,” pitungkase Bambang.
Deniawan Tommy Chandra Wijaya
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |








