Kamis, 23/02/2012
PT JOGLOSEMAR PRIMA MEDIA | Jalan Setia Budi No. 89 Gilingan, Banjarsari, Surakarta | Telp. 0271-717141, 0271-720496 dan 0271-741926 | Fax. 0271-741696 | website : www.harianjoglosemar.com | email : redaksi@harianjoglosemar.com

News Widget

News Widget

News Widget

Papan Laden Perang Wadyabala Diponegoro

Minggu, 29/01/2012 06:00 WIB - Deniawan Tommy Chandra Wijaya

Guwa Selarong kang mapan Dukuh Kembang Putihan, Kecamatan Pajangan, Kabupaten Bantul 14 kilometer arah sak kidule Ngayogyakarta, pancen nyimpen sujarah kang penting cinathet dening para nom-noman. Gua Selarong uga kasebut guwa guntet, amarga guwa kui ora ana jalan tembuse.
Kapethik saka ensiklopedia, duk ing nguni Guwa Selarong pranyata wus nate dadi papan pandhelikane Pangeran Diponegoro nalikane berjuang gerilya nglawan Walanda. Pangeran Diponegoro mapan ing Guwa Selarong kaduga sak wise omahe ing Desa Tegalrejo, Ngayogyakarta, entek diobong dening Walanda.
Sak jroning ndhelik ing Guwa Selarong, laskare Pangeran Diponegoro cinathet wis diserang nganti kaping telu dening Walanda. Yaiku ing tanggal 25 Juli, 3 Oktober, sarta 4 Oktober taun 1825 Masehi.
Kahanan kuwi kang njalari dumadine perang gegempuran antarane laskar Diponegoro klawan Walanda ing taun 1825 – 1830 kang nuwuhake korban udakara 4000 nyawa. Perang kuwi dhewe kondhang katlatah kanthi sebutan Perang Jawa.
Guwa Selarong dhewe kagantha telung guwa yaiku Guwa Ageng, Guwa Kakung lan guwa siji maneh kang sinebut Guwa Putri. Guwa Kakung dadi papan paleremane Pangeran Diponegoro sak wadyabalane supaya lancar anggone padha ngatur strategi paprangan.
Dene Guwa Putri kacarita mbiyene dadi papan pandhelikane Raden Ayu Ratnaningsih, garwane Pangeran Diponegoro. Lan sak jroning Guwa Putri iki kang digunakake para wadya putri kanggo olah boga, nyepaki dhaharane kang nedheng gerilya.
Sak ceraking Guwa Selarong ana grojogan gedhe kang kaduga mbiyene dadi papan gladhen perange wadyabalane Diponegoro. Dene Guwa Ageng dhewe kang digunakake kanggo papan pertemuan antarane wadyabalane Diponegoro klawan sakehing para sekabat kanggo ngatur strategi perang gerilya mungsuh Walanda.
Saiki kahanane Guwa Selarong wis ora rungkut sarta gawat kaliwat-liwat maneh. Sebab wis diopeni kanthi permati, sarta digunakake kanggo papan tujuan pariwisata sujarah.
Warga desa Pajangan dhewe uga melu ngrasakake mukti, sebab bisa dagang soevenir sarta bukak papan panginepan kanggone para tamu kang tumeka ing Guwa Selarong. Dene sedyane para tamu uga maneka warna, ana kang mung dolan, ana kang nggelar panaliten ilmiah, nanging ana uga kang napak tilas laku prihatine Pangeran Diponegoro.

Deniawan Tommy Chandra Wijaya

berbagi di Facebook :
Share
berbagi di Twitter :
berbagi di Google + :