Jumat, 10/02/2012
PT JOGLOSEMAR PRIMA MEDIA | Jalan Setia Budi No. 89 Gilingan, Banjarsari, Surakarta | Telp. 0271-717141, 0271-720496 dan 0271-741926 | Fax. 0271-741696 | website : www.harianjoglosemar.com | email : redaksi@harianjoglosemar.com

News Widget

News Widget

News Widget

Ora Wareg Mangan Janji

Minggu, 28/02/2010 09:00 WIB -

Nhek jaman berjuang, njur kelingan anak lanang..
Mbiyen tak openi gek saiki ana ngendhi...
Jarene wis menang keturutan sing digadhang..
Mbiyen nate janji gek saiki apa lali...

Unine langgam caping gunung iku kaya dhene ndudhut rasaku pirang-pirang dhina iki. Lha kepriye saben maca koran apa nyetel tivi isine berita gur banjir, tanah longsor, bar kuwi kelaparan. Nanging bubar berita bencana kuwi rampung genti berita kang isine wong rebutan pangkat, warisan, lan tawuran.
Ealah gek kapan tha rampunge kahanan kaya mangkene iki? Jare Indonesia iku gemah ripah loh jinawi tata titi tentrem kerta tura raharja? Nanging apa kuwi ya gur dongeng kanggo nurokake bocah kang nangis terus merga keluwen wetenge supaya turu?
Banjur iki sing salah sapa aku ya dadhi bingung. Arep nyalahake liyan, lha wong aku dhewe hakim ora, RT ya dudhu. Arep nudhing marang luputku dhewe lha wong kasunyatane aku iki ya gur sakdrema wong cilik kang ora nduwe panguasa. Jroning petenge pikirku, dumadhakan ati iki nyuara, “Mbang, lakon urip kuwi aja mung dipikir lan dirasakake nanging adile ya kudhu dilakoni lan dirampungi,” ujare atiku.
Entuk ukara kaya ngana aku banjur kelingan dawuhe para pujangga mbiyen, yaiku jroning jaman akeh rubedha sagedha sira anglakoni mati sakjroning urip. Wah abot tenan dawuh kuwi lamun rinasa jero. Lha wong urip kuwi kahanan apa wae digelar wiwit kang paling bosok nganti kang paling enak kok malah kon nglakoni mati sakjroning urip ki gek kepriye karepe?
Mungkin wae kang dikersakake mati sakjroning urip kuwi wong kudhu ngeleremake sawetara kridhaning pikir kang ngemu angkara pindhane wong mati kang wis ora nduwe kekarepan apa wae. Sebab pikir kuwi ngobahke krenteg satemah tuwuh karep. Kamangka karep kuwi sebab kang mesthi bakal nduweni akibat. Kanthi lerem pikire sawetara ing kana bakal tuwuh kang jenenge rasa jati satemah wong bakal nglenggana kalungguhane.
Lan kuwi ngana kabeh wis cocok karo sing disedya para pendiri bangsa, yaiku mujudake pembangunan manusia Indonesia sakwutuhe. Dadhi njaba manungsa semana uga njerone, dudhu kewan apa dhene begejil. Kanthi bali dadhi manungsa kang wutuh ing kana awakke dhewe ora bakal gampang diadu domba, lan tertamtu bakal peduli marang panandhanging liyan.
Bumi Indonesia iki awakke dhewe mung sakdrema diwarisi saka para leluhur. Kudhune rak ya diopeni murih rahayuning sesami. Dadhi ora janji thok bubar kuwi lali apa maneh nglungani kaya dhene kang ditembangake mbah Gesang sakjroning langgam caping gunung. Sebab jenenge weteng luwe kuwi ya kudhu dipakani, bayaran sekolah telat kuwi ya kudhu dilunasi, wong lara kuwi ya kudhu ditambani.

berbagi di Facebook :
Share
berbagi di Twitter :
berbagi di Google + :