Kamis, 24/05/2012
PT JOGLOSEMAR PRIMA MEDIA | Jalan Setia Budi No. 89 Gilingan, Banjarsari, Surakarta | Telp. 0271-717141, 0271-720496 dan 0271-741926 | Fax. 0271-741696 | website : www.harianjoglosemar.com | email : harianjoglosemar@gmail.com

Ngluhurake Budi Lumantar Gendhing Karawitan

Minggu, 28/03/2010 09:00 WIB - Deniawan Tommy Chandra Wijaya

Gamelan Jawa kang wis diakoni dhening UNESCO (United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization) minangka World Herritage Culture, pranyata pancen akeh kalinuwihane. Kejaba saka bentuke kang nyengsemake paningal, unine swara gendhing lamun pas ditabuh kabukten bisa ngalusake rasa sarta ngluhurake budi tumrap kang ngrungokake.
Kasunyatan iku kaucapake dening Waluya Sastra Sukarna, SKar, MSn. sawijining dosen jurusan karawitan ISI Solo sawetara dhina kepungkur. Waluya kandha menawa gamelan Jawa kang lumrah sinebut gangsa karawitan iku mujudake gegambaraning kahanan urip bebrayan.
Sebab kabeh pirantine gamelan wiwit balungan, gender, rebab, kendhang, kempul, kenong, siter kethuk, gambang, suling, lan gong padha nduweni fungsi lan wajib kang imbang. “Ing kana ora ana tembung pethingan, sebab kabeh ora bisa ditabuh sakgeleme dhewe,” ucape Waluya.
Kaya fungsine rebab kang minangka pamurba lagu, gendher minangka pamurba yatmaka utawa kaendahan, kendang minangka pamurba irama uga ora bakal sinebut karawitan lamun ora ana kethuk, kenong, kempul, gong lan sakpiturute. Lan ing kana para niyaga utawa penabuh gamelan uga kudhu kompak, sarta ora kena egois lan rumangsa paling bisa.
“Kabeh nadyan bedha bentuk lan carane nabuh, nanging kudhu laras lan manut paugerane gendhing. Mulane rasa egois wektu nabuh gamelan uga kudhu siningkirake. Dadi ora aneh yen tha gamelan uga bisa kanggo ngelusake rasa lan ngluhurake budhi,” panegese Waluya.
Kabeh kuwi bisa dadhi kaca benggala yen wong urip ing ngalam ndonya kuwi kabeh nduweni daya kalinuwihan sarta kekurangan. Sebab sanadyan bedha nanging nduweni wajib miturut dharmane dhewe-dhewe.
Mula dhening para pakar psikologi, Waluya kandha menawa gamelan uga kerep dinggo terapi kejiwaan. “Ing kana ana ajaran keharmonisan, tepa sarira rasa pangrasa sarta uga kerja sama. Iku wujud nyata Bhineka Tunggal Ika kuwi dhewe,” jarene Waluya.
Semana uga cakepan tembang kang ngiringi ungele gamelan. Tuladhane Riris Harda Hardaning Wong Lumaksana, Dresing Karsa Hamemayu Hayuning Praja, unine cakepan wangsalan kang asring katembangake para waranggana jroning sindhenan iku kejaba kepenak lamun linaras rasa, uga ngemu pitutur kang becik.
Ora gur kuwi wae, nanging cakepan gerongan, senggakan, sarta jineman rata-rata uga ngemu pitutur kang becik tumraping urip. “Kuwi kabeh anane ya mung ana ing gamelan Jawa. Mula iku wajib disinau supaya tetep bisa lestari,” pituture Waluya.
Ora bedha karo panemune Darman Santosa, sawijing budhayawan Jawa saka tlatah Boyolali. Darman njelasake menawa unine gamelan sakliyane minangka panglipure ati, uga ngemu akeh pitutur luhur kang migunani kanggo ngalusake rasa lan ngluhurake budi.
Luwih-luwih yen gamelan kuwi pas dinggo ngiringi pagelaran wayang kulit lan tari. Ing kana ungele gendhing ora gur kanggo patut-patut wae, nanging uga kanggo nggambarake kahanan urip sakwutuhe. Contone laras kuwi ana lara slendro lan pelog, sarta pathet kuwi ana telu, yen laras slendro ana pathet nem, sanga, lan manyura, nanging yen laras pelog ana pathet nem, sanga, lan barang.
“Kuwi mengku surasa yen kahanan urip kuwi ana telung perkara yaiku lahir, lakon, lan layon. Sarta jroning urip isine mung keseimbangan antarane ala lan becik, bungah sarta susah. Kanthi legawa kahanan kuwi, ing kana manungsa bakal adhoh saka tumindak cidra lan angkara,” pitungkase Darman. (Deniawan Tommy Chandra     Wijaya).

berbagi di Facebook :
Share
berbagi di Twitter :
berbagi di Google + :