Minggu, 12/02/2012
PT JOGLOSEMAR PRIMA MEDIA | Jalan Setia Budi No. 89 Gilingan, Banjarsari, Surakarta | Telp. 0271-717141, 0271-720496 dan 0271-741926 | Fax. 0271-741696 | website : www.harianjoglosemar.com | email : redaksi@harianjoglosemar.com

News Widget

News Widget

News Widget

Ndudah Ajaran Luhur Sajroning Sekaten

Minggu, 28/02/2010 09:00 WIB - Deniawan Tommy Chandra Wijaya

Sanadyan gamelan sekaten yaiku Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari wis rampung ditabuh pirang dina kepungkur, ananging getere unine isih krasa nganti saiki. Sebab sakliyane gur tinabuh sakjroning seminggu wae, atusan taun kepungkur gamelan iku uga minangka sawijining media syiar agama Islam wiwit jaman Sultan Agung Hanyakrakusuma ing jaman Mataram Islam.
Miturut panjelase KRAT. Saptodiningrat, pangarsa tindih Karawitan Keraton Surakarta gamelan Sekaten wiwit katabuh saben tanggal 5 Rabiulawal nganti tanggal 12 Rabiulawal sasi Mulud. Sedyane ora liya kanggo mahargya wiyosane Nabi Muhammad SAW. “Iki kanggo ngurmati pengetan Maulid Nabi. Mula ditabuh seminggu sakdurunge dina wiyosane kanjeng Nabi,” kandhane Saptadiningrat.
Gamelan Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari iku tinabuh kanthi gentenan wiwit bakda shalat Asar nganti tekan sakdurunge Maghrib, ana ing Masjid Agung Sala. Gendinge kaya tha Rambu, Rangkung, lan Barang Miring. Dhene ciri khas gamelan kuwi katinimbang gangsa lumrah liyane yaiku tanpa nganggo piranti kendhang, gambang, kempul, rebab lan gendher.
“Kendhang diganti karo bedhug. Yen piranti liyane kaya tha bonang, demung, saron, kempyang, lan gong tetep ana,” wimbuhe Sapta.
Dhene miturut panjlentrehe Winarsa Kalingga, pangarsaning Museum Radya Pustaka Sala tradisi Sekaten wis ana wiwit jaman kraton Demak Bintara ing abad 15 M mbiyen. Lan ing jaman Mataram Islam, Sultan Agung banjur yasa gangsa Sekaten anyar kang diparingi asma Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari.
Dhene sedyane uga padha yaiku sakliyane kanggo syiar agama Islam uga kanggo mengeti wiyosane Nabi Muhammad SAW.  “Sakwise perjanjen Giyanti tahun 1755 M, Kyai Guntur Sari diasta Sinuwun PB III. Dhene Kyai Guntur Madu diasta Pangeran Mangkubumi ana ing Ngayogya. Mula supaya jangkep maneh sinuwun PB IV banjur yasa gamelan anyar lan uga diparingi asma Kyai Guntur Madu. Dhene keraton Ngayogya uga yasa gamelan anyar kang diparingi asma Kyai Naga Wilaga,” panjlentrehe Kalingga.
Sakliyane kuwi sakjroning gamelan Sekaten muni, mesthi ana tradisi nginang utawa ngganten. Lan bubar kuwi banjur tinutup kanthi mangan ndhok kamal. “Nginang kuwi pasemone wong ngrasuk rukun Islam, sebab isine limang perkara yaiku suruh, jambe, mbako, injet lan gambir. Dhene sakwise dirasuk kanthi rasa sejati mula kudhu diamalke kang pasemone ndhok kamal,” panegese Kalingga.
Mula Kalingga uga kandha kanthi nginang lan mangan ndhok kamal sakjroning gamelan Sekaten muni, pawongan kuwi bakal antuk sarining madu saengga dawa umure. Sebab rasane wis tentrem ayem merga ngrasuk lan ngamalake rukun Islam kanthi tulus ikhlas. Supayane tenanan kudhu disangoni pecut kang dadhi simbole tekad, lan gangsingan supaya eling yen kahanan urip kuwi tansah mubeng hilir gumanti.
Menawa laku kabeh kuwi wis dilakoni mula banjur tinutup kanthi metuning gunungan minangka wujud nyata syukuring umat marang sih wilasaning Gusti Allah. “Mula aku ya percaya tenan yen nginang lan mangan ndhok kamal sakjroning Sekatenan bakal awet nom lan dawa umure. Sebab sing marahi awet nom lan dawa umure ya ajaran luhur perkara Sekaten kuwi mau,” pitungkase Kalingga. (Deniawan Tommy Chandra Wijaya)

berbagi di Facebook :
Share
berbagi di Twitter :
berbagi di Google + :