Unen-unen iki nduweni teges wong kang seneng nyalah-gunakake kapercayan utawa mbalela tumrap kang menehi kapercayan. Kamangka kang aweh kapercayan kuwi wong luhur, sarta nduwe panguwasa, saengga kaya dene ngrusak kandhang gajah, satemah nggawe dukane kang manggon jroning kandhang.
Tuladhane kaya patrape Raden Harya Suman utawa Sengkuni marang Prabu Pandhu narendra gung Nagara Ngastina. Ing kana Sengkuni kanthi pokal kang julig kasil nyingkirake Gandamana, patih Ngastina. Sengkuni wadul marang Prabu Pandhu lan mitenah kanthi kandha menawa Gandamana mbalela sarta arsa njongkeng kawibawaning nata.
Kamangka sejatine kang nduwe pangangkah kaya ngana malah Sengkuni dhewe. Merga krungu palaporane Sengkuni marang Prabu Pandhu, sakwise njlentrehake sejatine kahanan satemah Gandamana ngamuk punggung lan milara Sengkuni nganti cacad sakranduning badan. Dene Gandamana dhewe pilih lunga saka praja Ngastina lan ganti suwita marang kakange ipe yaiku prabu Drupada raja ing praja Pancalaradya.
Sanadyan pirsa menawa Sengkuni kuwi julig lan arsa njongkeng kawibawaning nata, Prabu Pandu ora duka malah satemah aweh pangapura sarta ngepyakake Sengkuni dadi patih Ngastina nggenteni Gandamana. Nanging gandheng ora weruh marang ing kautaman, sakwise prabu Pandu sedha, ing kana Sengkuni malah ngrekadaya khianat marang kapercayan kang wis diparingake.
Sebab Sengkuni nduwe sedya supaya Pandhawa lima putrane prabu Pandhu ora kasil dadi ratu nggenteni ramane. Sengkuni malah ngedu kumba antarane Pandhawa lan Kurawa kanthi cara kang ina lan ora prayoga. Mula banjur tuwuh Baratayuda yaiku perang sedulur antarane Pandhawa lan Kurawa merga pokal pakartine Sengkuni.
Pungkasane Baratayuda, Sengkuni mati kapepantha dening Werkudara, panenggaking Pandhawa, kang wus ngempet suwe marang pokal alane Sengkuni. Lan jroning Baratayuda kuwi, Werkudara ngamuk punggung malesake lara atine, sebab ngerti yen Sengkuni ora bisa njaga kapercayan kang diwenehake Prabu Pandhu marang dheweke.
Deniawan Tommy Chandra Wijaya
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |








