Senin, 06/02/2012
PT JOGLOSEMAR PRIMA MEDIA | Jalan Setia Budi No. 89 Gilingan, Banjarsari, Surakarta | Telp. 0271-717141, 0271-720496 dan 0271-741926 | Fax. 0271-741696 | website : www.harianjoglosemar.com | email : redaksi@harianjoglosemar.com

News Widget

News Widget

News Widget

Manungsa Kang Wutuh

Minggu, 07/02/2010 11:00 WIB -

Pirang-pirang ndina iki rasaku campur aduk ora karuwan antarane anyel, gela, nanging uga nglenggana. Jalarane sepele merga gendhenge omahku remuk diobrak-abrik kucing kang lagi birahi. Cilakane remuke gendheng kuwi mau ngepasi udan deres ing saktengahe wengi, saengga ora wurunga omahku dadhi banjir merga ketrocohan.
Nemahi kahanan kuwi sanadyan rasane isih ngantuk banget paripeksa gelem ora gelem aku kudhu tangi saka papan paturonku, lan krengkangan golek anda kanggo mbenakake gendhengku supaya mandheg bocore. Lha ndelalah wae andaku kok ya gapuk kabeh saengga ora bisa dak penek kanggo mbenerake gendheng.
Aku banjur thelek-thelek karo ngomyang ora karuwan merga rusake andaku kuwi mau. Arep nyilih tangga kok ya wis kewengen, nanging yen ora tak benakke kok ya udane derese ra karuan. Jroning buneke atiku si kucing mau keprungu maneh suarane ana nduwur.
Ora nunggu kesuwen aku banjur njupuk watu sakecekele banjur dak sawatake manduwur. Merga anggonku mbalang nganggo emosi si kucing mau bisa ngendhani panyawatku lan pyaarr gendhengku remuk siji maneh kena watu kang tak balangke. Owalah nasib yen lagi apes karo kucing wae kok ya bisa ndinggo dolanan.
Ya wis merga ora ana anda nganti udane terang bisaku amung meneng karo ndongkol kanthi klambi teles kebes merga ketrocohan. Bubar kahanan kuwi aku banjur mikir sejatine sing kleru aku apa kucinge ya? Lha polahe kucing anggone gawe kisruh kuwi mau rak merga ora nduwe nalar jangkep kanggo mbedhakake bener lan luput.
Banjur kepriye karo jalma manungsa kaya jenisku iki? Wis diwenehi nalar jangkep nanging kalamangsane kok ya ora bisa mbedhakake bener lan luput kaya patrape kucing mau. Mikir ngana aku dadhi ngguyu dewe. Ing kana aku dadhi isin dewe karo si kucing. Mergane polahe si kucing kuwi wis tinemu lumrah merga dewekke kewan. Arep kawin sak enggon-enggon karo nggawe kisruh ora masalah sebab ora nduwe nalar jangkep.
Lha nek manungsa sing jarene luwih sampurna katinimbang kewan, ra ya kudhune isin yen tumindhake sak enggon-enggon senenge gawe kisruh tanpa nduweni rasa bersalah apa maneh petung jangkep. Lha si kucing mau sing dirusak paling ya gur gendheng omahku, nanging yen sing makarti kuwi manungsa dhewekke bisa ora gur ngrusak gendheng wae nanging malah ditambah jarah rayah, sarta ngepruki sing nduwe omah.
Apa wis tau ana lelakon kuwi? Ora perlu dak wangsuli mergane kabeh ya wis pada kerep ngerteni. Mulane ing kene aku ya gur sakdrema ngelingake, menawa awakke dhewe iku manungsa dudhu kewan. Kaya sedya kang disebutake sakjroning UUD 1945 yakuwi pembangunan manungsa Indonesia sakwutuhe.
Dadhi sakabehing tumindhak kuwi ya kudhune manungsani ora ngewani. Nanging yen luwih seneng dadhi kewan ya mangga-mangga wae dibacutake anggone seneng gawe kisruh, lan tumindhak sakgeleme dewe tanpa nganggo nalar jangkep kaya lumrahe jalma. Perkara akibate ora wurunga ngrugekake pribadhi kuwi wis klebu resikone. Merga welingane simbah wis cetha banget, beja-bejane wong lali isih beja wong eling lan waspadha. Nuwun.

berbagi di Facebook :
Share
berbagi di Twitter :
berbagi di Google + :