Unen-unen iki mengku teges wong tumindak ala ananging katon apik dening liyan, merga pintere anggone gawe sanggit utawa julik. Biasane pawongan kaya ngene iki senenge golek wedhus ireng kanggo nutupi salahe lan sipate uga tegelan. Tuladhane kaya lakune Raden Samba ana ing lakon Samba Juwing.
Ing kana Raden Samba kang uga raja putra Dwarawati iku luwih dibelani Prabu Kresna katinimbang Raden Suteja utawa Prabu Bomanarakusuma kakange Samba. Mergane sakliyane rupane kang luwih bagus, Samba uga pinter gawe ukara kang memanuhara ana sakngarepe ramane. Bedha karo Boma kang katon luwih bringas nanging sejatine pakartine luwih utama.
Mula nalikane Samba tumindak cidra mbregonjak Dewi Hagnyanawati garwane Prabu Boma dewekke malah bisa mbalekake ukara, lan kandha menawa Hagnyanawati kang nduwe niat ala marang Samba. Ananging pakartine Samba iki kadhenangan garuda Wilmuka titihane Prabu Boma, saengga Wilmuka mbabar sejatine kahanan. Weruh kahanan mangkana Sri Kresna kaya kebeset raine, nanging kanggo nutupi isine malah kepara mbelani Samba.
Ngerti bojone disenengi adine, Boma ora nesu malah kepara ngikhlasake Hagnyanawati digarwa Samba. Nanging sing ora trima Wilmuka. Dhewekke ngamuk punggung nganti mati ing tangane Samba. Sakliyane kuwi Samba uga malah nantang Boma tanding yudha, lan mbregonjak Hagnyanawati ing sakngarepe Suteja. Weruh pakarti kang murang tata Boma satemah ngamuk lan tundhane Samba mati kajuwing-juwing ing tangane Boma. (den)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |







