Unen-unen ing nduwur iki ngemu surasa wong luhur kang kabotan sanggan merga polahe pribadi. Saparan-paran amung ngendhelake panguasane, nanging sejatine wis ora ditresnani dhening kawulane. Tuladhane kaya Prabu Duryudana raja Ngastina Pura.
Dhewekke rumangsa bombong katunggonan pamane Sengkuni, lan kadhange Kurawa kang satus cacahe sarta para senopati agul-aguling nata. Nanging sejatine Sengkuni lan kadhange para Kurawa babar pisan ora nduweni daya kalinuwihan kang bisa ditandingake, malah kepara mung gawe wirang tur seneng njlomprongake wae.
Semana uga para senopatine nata kaya Narpati Basukarna, Maharesi Bisma, saha Pandhita Durna sayektine wis ora padha sarujuk marang pakartine Duryudana kang demen gumendhung kumalungkung, nanging ora sembada ing gati. Tundhane sakjroning Baratayudha ora wurunga Duryudana kasoran jurite, sebab ora kasengkuyung dhening rasa tresna lan setya tuhu para kawulane.
Mula lelakon iku minangka kaca benggala sapa wae kang jumeneng nata, utawa ngemban pusaraning praja supaya bisa mulat sarira marang tumindhake. Wong dadhi ratu kuwi ora gampang, sebab ora kena mikir marang butuhe dhewe, nanging kudhu bisa angayomi, anresnani, sarta anyukupi sakabehing butuhe kawula saknegara.
Kanthi mangkana para kawula bakal setya tuhu marang dawuhe nata, sarta bakal asung labuh labet jiwa lan raga tanpa kapeksa. Saengga si gajah ora bakal karepotan lan kabotan laku merga gadinge, malah kepara bisa nggunakake gading kuwi mau kanggo senjataning payudhan. (den)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |







