Aku kelingan dongenge para sepuh mbiyen kang nyaritakake perkara begal kang paling kondhang sak tanah Jawa. Kecu kuwi kawentar kanthi jeneng Begal Lokajaya kang urip udakarane ing jaman sakdurunge Kasultanan Demak Bintara madheg. Anehe sanadyan pagaweane saben dhina njarah rayah, mbegal utawa ngrampok nanging si Lokajaya iki malah sangsaya ditresnani kawula cilik.
Hapa tumon? Umume krungu jeneng begal wae wong wis padha mrindhing lan malah kepara ndonga aja pisan-pisan kepethuk. Lha kok tekane si Lokajaya iki malah dikangeni wong cilik, sarta jenenge malah kasubya-subya pindha Jawata?
Jebule nadyan begal nanging Lokajaya iki klebu begal kang apik atine. Sebab sing dibegal kuwi dudhu rakyat miskin, nanging para wong sugih kang cethil ora nate sedekah, lan sakabehe pejabat pamarentahan kang seneng korupsi, lan ngapusi kawulane. Tur maneh asile mbegal kuwi mesthi ora dipangan dhewe, nanging malah kepara diwenehake kabeh marang para wong mlarat sing kesrakat uripe.
Mula ora aneh yen tekane si Lokajaya iki malah ditunggu dhening para wong cilik. Kosok walike para pejabat lan wong sugih kang rumangsa tansah gawe rugining liyan ketir-ketir rasane, lan ora angler turune merga wedhi yen ketekan begal Lokajaya kang kawentar sekti mandraguna iki.
Merga kaanggep medheni lan gawe giduhe kahanan, Sunan Bonang sawijining Walisanga banjur tumedhak saka padepokane satemah ngupadhi dhununge Lokajaya. Dasar wegik tur waskitha mula suwe mijet wohing ranti anggone Sunan Bonang nemokake Lokajaya.
Bubar sapatemon karo Lokajaya, Sunan Bonang ndangu kena ngapa Lokajaya senenge njarah rayah gawe gegering kahanan. Krungu pitakone Sunan Bonang, Lokajaya banjur wangsulan dhewekke tumindhak mangkana merga wis sumpek nyawang panandhange kawula cilik kang sarwa kesrakat uripe. Nanging para wong sugih lan pejabate malah seneng pesta pora, lan numpuk raja brana nanging babar pisan ora nggagas marang sambate kawulane.
Sakliyane kuwi Lokajaya kang sejatine iku Raden Sahid putrane bupati Tuban uga wis ora bisa percaya maneh marang para penegak hukum, kang uga tansah katon ngrumojongi laku ala para pejabat kang jahat kuwi mau. Mula Lokajaya banjur mutusake sandyanta laku mbegal, dhewekke kudhu madheg suraning ndriya ngrantasi angkara, satemah bisa luwar panandhange kawula.
Krungu wangsulane Lokajaya, Sunan Bonang amung kendhel lan manthuk-manthuk ngrasakake tembunge Lokajaya. Sakwise katon lerem rasana Lokajaya, Sunan Bonang banjur ngendhika menawa lakune Lokajaya kuwi bener nanging ora pener. Bener merga sedyane pengen tetulung marang rekasane wong cilik, nanging ora pener merga anggone tetulung kuwi mau ndhadhak nganggo sarana ngrampok.
Sebab sing kepriye wae alesane sing jenenge maling, begal utawa ngrampok kuwi klebu larangane agama. Sakliyane kuwi yen Lokajaya terus mbegal, banjur apa bedhane karo tumindhake pejabat kang jahat lan uga seneng mbegali bandhane negara mau.
Krungu panjlentrehe Sunan Bonang, Lokajaya banjur nglenggana lupute lan saguh nulungi kawula nanging nganggo cara kang becik. Mula banjur dewekke prasetya dadhi siswane Sunan Bonang lan banjur apeparab Kanjeng Sunan Kalijaga.
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |






