Lan wong anom-anom iku,
Kang kanggo ing
mangsa iki,
Andhap asor dipun simpar,
Umbag gumunggung
ing dhiri,
Obrol umuk kang den
gulang,
Kumenthus lawan
kumaki…
Unine pupuh kinanthi ana sakjroning serat Wulangreh yasan Paku Buwana IV ing nduwur iku ngemu surasa kang jero banget. Sebab sakliyane rinasa pas karo kahanan saiki, ing kana uga njlentrehake pentinge piwulang bab tata krama lan budhaya marang para generasi mudha.
Perkara iki dadhi rembugan sakjroning sapatemon Macapatan Rangga-Winter kang mapan ana ing wisma Seni TBJT Sala sawetara dina kepungkur. Pangarsa macapatan, Ki Jlitheng Suparman njelasake menawa PB IV kuwi sejatine wis nyandra utawa ngramal, yen bakal ana jaman nalikane para nom-noman wis ora nduwe tata-krama lan andhap asor. Lan jaman kuwi kaya-kaya jumbuh karo kahanan saiki.
Jlitheng kandha menawa bubrahing tata krama para mudha kuwi ora liya merga klerune wong tuwane. Sebab kanthi sing tuwa ora nate aweh pitutur luhur bab kawruh etika, tata-krama, lan budhaya ing kana si anak banjur ngalami krisis jati diri, satemah gampang keblithuk pangertenan lan kawruh kang ora cocok karo budhaya Indonesia. Sakliyane kuwi pamarentah dhewe uga kabiji kurang nggatekake bab pembangunan mental-spiritual, sebab kang kagayuh amung pinter lan ora ketinggalan jaman.
“Iki salahe sistem makro kang ana. Coba saiki pelajaran budi pekerti lan tata krama ana sekolah mung entuk pirang jam? Sakliyane kuwi uga akeh para wong tuwa kang wis ora mudheng marang ajaran mental spiritual kuwi dhewe. Dadhi aja nyalahke bocahe yen tumindhake sasar ninggal tata krama,” panjelase Jlitheng.
Kanthi ora nate diwulang tata krama lan kearifan budhaya lokal, mula si anak kuwi mau banjur ilang andhap asore, satemah kumaki nanging ora mrantasi. Mula kanthi pamarentah lan wong tuwa gelem nglenggana lupute satemah nggiatake maneh ajaran budi pekerti lan budhaya.
Jlitheng yakin menawa para nom-noman kuwi mau uga bakal bisa bali tata maneh. Tur maneh anggone ngajari sakliyane asung pitutur luhur uga kudhu kanthi nyontoni sakjroning bebarayan nyata. “Mula bocah aja gur diajari kompetisi kecerdasan intelektual wae, nanging uga kawruh batin mental spiritual,”imbuhe Jlitheng.
Semana uga miturute Prof. RB. Sumanto sosiolog saka UNS. Rusake moral para nom-noman saiki karasa wis tumeka tataran kang nguwatirake. Tuladhane kaya aksi penculikan liwat facebook, pernikahan usia dini, lan kecekele para pengguna narkoba kang isih di bawah umur. Iku kabeh kudhu enggal diatasi supaya ora ngrembet dadhi penyakite bangsa.
“Yen dak sawang iku kabeh nelakake menawa sejatine para nom-noman ing Indonesia durung siap nampa perkembangan teknologi. Mula supayane ora ana konflik sosial, pamarentah, sekolah, lan wong tuwa aja mung ndidik pinter wae, nanging uga kudhu njlentrehake nilai-nilai luhur budhaya bangsa,” pangandikane Prof. Manto.
Dhene miturut pemanggihe Prof. Dharsono guru besar ISI Sala, lunture tata-krama lan moralitas luhur sakwenehe para mudha, ora liya merga bedhole oyot kabudhayan bangsa ana sakjroning sistem pamarentahan. Lan kuwi nglimputi apa wae kaya ta politik, ekonomi, pendidikan, lan liyan-liyane.
Dadhi solusine ing kene ya kudhu mbalekake maneh lajune sistem pamarentahan ana ing jalur budhaya bangsa, kang wujude wis dijelaske ana ing UUD 195, lan Pancasila. “Oyot budhaya iki kudhu tinandur maneh ana sakjroning sistem pamarentahan. Sebab yen ora ya rusake kahanan bakal saya angel didhandhani,” pitungkase Dharsono. (Deniawan Tommy Chandra Wijaya)
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |







