SALA—Kanggo nggladhi kaprigelan lan kewasisane para mahasiswa anggone olah kridhaning karawitan, ing dina Minggu-Senin (29-30/1) wengi, jurusan karawitan Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta bakal nggelar konser karawitan 17 gatra. Kaya kang dijelasake dening sawijining dosen karawitan ISI Surakarta, Darno Kartawi marang Joglosemar wingi.
“Iya, bakal ana konser karawitan kang dipeloni dening 17 mahasiswa, utamane kang njupuk mata kuliah komposisi. Dhewekke bakal mbabar 17 gending garapan anyar kang durung nate dipentasake,” ujare Darno.
Dene sedyane pagelaran kuwi, sakliyane kanggo nggladhi kewasisane para mahasiswa uga kanggo sarana panyengkuyung tumrap ngrembakaning garap karawitan ing jaman modheren. Ngelingi saiki cacahe para nom-noman kang isih gelem mersudi sarta nggilud babagan karawitan wis sangsaya suda cacahe. Racake kabeh wis kasilep dening gebyaring musik modheren kang durung mesthi pas karo karaktere nusa bangsa.
“Iki durung karuan yen saben bocah gelem gladhi apa maneh ngembangake karawitan. Mula eman banget yen awakke dhewe ora rumojong babagan kuwi,” panegese Darno.
Luwih jero Darno ngocap menawa pagelaran 17 karya karawitan iku uga kanggo madhahi ide kreatif para mahasiswa kanggo pentas kanthi manajemen kang becik lan profesional. Saengga tuwuh kesadaran, menawa pentas apik kuwi ora mung didukung siji elemen wae, nanging kabeh elemen pentas, klebu manajemen pentas kuwi dhewe. Sebab akeh sejatine seniman kang nduweni daya linuwih ing karyane, nanging dadi ora dikenal uwong merga ora bisa ngelola pentase kanthi manajemen kang becik lan profesional.
“Rak malah dadine eman banget. Mula ing ISI Surakarta, para mahasiswa uga ora mung dilatih kepriye prigel anggone nggawe karya, nanging kepriye carane bisa pentas kanthi manajemen kang profesional,” panandhese Darno.
Deniawan Tommy Chandra Wijaya.
| berbagi di Facebook : Share |
|
| berbagi di Twitter : Tweet |
berbagi di Google + : |








